Kidung Rumeksa Ing Wengi



Ana kidung rumeksa ing wengi 
Teguh hayu luputa ing Lara
Luputa bilahi kabeh
Jim setan datan purun
Paneluhan tan ana wani
Miwah panggawe ala Gunaning wong luput
Geni atemahan tirta
Maling adoh tan ana ngarah ing mami
Guna duduk pan sirna Sakehing lara pan samya bali
Sakeh ngama pan sami miruda
Welas asih pandulune
Sakehing braja luput
Kadi kapuk tibaning wesi
Sakehing wisa tawa Sato galak tutut
Kayu aeng lemah sangar
Songing landhak guwaning wong
Lemah miring myang pakiponing merak Pagupakaning warak sakalir
Nadyan arca myang segara asat
Temahan rahayu kabeh
Apan sarira ayu
Ingideran kang widadari
Rineksa malaekat lan sagung pra Rasul Pinayungan ing Hyang Suksma
Ati Adam Utekku Baginda Esis
Pangucapku ya Musa Napasku Nabi Ngisa linuwih
Nabi Yakup Pamiyarsaning wang
Dawud Suwaraku mangke
Nabi Ibrahim Nyawaku
Nabi Sleman Kasekten mami
Nabi Yusup Rupeng wang Edris ing Rambutku
Baginda Ngali kuliting wang
Abubakar Getih daging ngumar singgih
Balung Baginda Ngusman Sungsumingsun Patimah linuwih
Siti Aminah Bayuning Angga
Ayup ing Ususku mangke
Nabi Nuh ing Jejantung
Nabi Yunus ing Otot mami
Netraku ya Muhammad Pamuluku Rasul
Pinayungan Adam Kawa, sampun pepak sakatahe para Nabi dadya sarira Tunggal.


Link Download : Download

Share this article :
 

linkwithin

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. DUDU DEWO - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger